PIWULANG KAUTAMAN III


PIWULANG KAUTAMAN III

Wêwalêr : # 101
Båndhå iku pêrlu nangíng åjå diumúk-umúkaké, drajad lan pangkat iku pêrlu, åjå dipamèr pamèraké, jalaran biså mlèsèdaké awaké dhéwé.

Wêwalêr : # 102
Åjå mélík darbèking liyan, margå rêbutan råjåbrånå lan wanita iku biså gawé congkrahíng pårå sujånå lan gawé nisthaníng ati.
Wêwalêr : # 103

Åjå sênêng mamèraké båndhå lan ngêgúngaké pangkat, sêbab båndhå biså lungå, drajad/pangkat bisa oncat.
Wêwalêr : # 10
4
Åjå sênêng marang wóng kang ngujå håwå napsu margå akèh bandhané. Jalaran båndhå mau bisa gawé cilåkå amargå durúng mêsthi båndhå kang rêsík.
Pitudúh : # 105

Ing samubarang gawé åjå sók wani mêsthèkaké, awít akèh lêlakón kang akèh bangêt sambékalané síng ora biså dinuga tumibané. Jêr kåyå uniné pêpèngêt, “Mênåwå manungså iku pancèn wajíb ihtiyar, nangíng pêpêsthèné dumunúng ing astané Pangéran Kang Måhå Wikan”. Mulå ora samêsthiné yèn manungså iku nyumurupi bab-bab síng durúng kêlakón. Saupåmå nyumurupå, prayogå åjå diblakakaké wóng liyå, awít têmahané múng bakal murihaké bilahi.
Pitudúh : # 106

Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbúh karo uniné bêbasan : “Sabar iku kunciníng swargå”, atêgês marganíng kamulyan. Sabar, liré mómót kuwat nandhang sakèhíng cobå lan pandadaraníng ngauríp, nangíng ora atêgês gampang pêpês kêntèkan pêngarêp-arêp. Suwaliké malah kêbak pêngarêp-arêp lan kuwåwå nampani åpå baé kang gumêlaring salumahé jagad iki.
Pitudúh : # 107

Kahanan donya iki ora langgêng, tansah owah gingsír. Yèn sirå kêbênêran katunggónan båndhå lan kasinungan pangkat, åjå banjúr rumangsa “Såpå sirå såpå ingsún”, tansah ngêndêlaké panguwasané tumindak dêgsurå marang sapådhå-pådhå. Élinga yèn båndhå iku gampang ilang (sírnå). Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.
Pitudúh : # 108

Saibå bêciké samangså wóng kang lagi kasinungan kabêgjan lan nampå kabungahan iku tansah élíng gêdhé ngucap syukúr marang Kang Pêparíng. Awít élinga yèn tumindak kåyå mangkono mau kêjåbå biså ngilangi watak jubriyå uga mlêtikaké råså rumångså yèn wóng dilairaké marang sapådhå-padhané titah, mbêngkas kasangsaran, munggahé ngrêkså hayuníng jagad.
Pitudúh : # 109

Åjå sók ngêndêl-êndêlaké samubarang kaluwihanmu, åpå manèh mamèraké kasugihan lan kapintêranmu. Yèn anggónmu ngóngasaké dhiri mau múng winatês ing lathi tanpå búkti, dhóngé pakarti kåyå mangkono iku ngêngón awakmu dadi ora aji. Luwíh prayogå turutên pralampitané tanduran pari. Pari kang mêntês mêsthi tumêlúng, kang ndongak mracihnani yèn kóthóng tanpå isi.
Pitudúh : # 110

“Rumångså sarwå duwé” lan “Sarwå duwé rumångså”, iku yèn ditulís gênah múng diwolak-walík baé, nangíng surasané jêbúl kåyå bumi karo langit. Síng kapisan nudúhaké watak ngêdír-êdíraké, wêngís satindak lakuné (polahé), yèn nggayúh pêpénginan ora maèlu laku dudu, samubarang pakarti nisthå ditrajang wani. Déné síng kapindho pakartiné tansah kêbak wêlas asíh, wicaksånå ing sabên laku, rumångså doså samångså gawé kapitunané liyan.

Pitudúh : # 111
Nadyan wêsi iku kanyatané atós, éwa sêmono yèn wís kêtrajang ing taiyèng yå bakal êntèk gripís. Sêmono ugå tumrapíng wóng kang kataman råså mèri, atiné mbåkå sêthithík ugå bakal gripís, awít rumangsa yèn awaké tansah apês, saénggå kélangan grêgêt lan lumúh makaryå. Wusanané pêpês atiné kêntèkan pêngarêp-arêp.
Pitudúh : # 112

Yèn sirå sacårå badaniyah lan rohaniyah têtêp kêpingín bagas kuwarasan, tansah élingå róng prakårå iki :
1. Tansah jaganên sakèhíng samubarang kang nêdyå sirå lêbókaké ing tutúk, dithinthíng luwíh dhisík åpå bakal gawé rusakíng rågå åpå ora.
2. Kulinaknå mikír luwih dhisík samubarang kang arêp sirå wêtókaké såkå tutúk. Liré pikirên luwíh dhisík klawan matêng åpå kang bakal sirå wêtókaké iku ora malah gawé kucêmíng awakmu dhéwé, nglarani atiníng liyan åpå ora. Déné yèn ora ånå paédahé luwíh bêcík åjå kók kojah amríh ora nandhang piduwúng.
Pitudúh : # 113

Digêndhóngånå dikuncènånå kåyå ngåpå, nangíng wóng iku yèn wís tinakdír têkan janjiné utåwå ajalé, mångså bakal wurungå. Iki manèh pélíng kita, yèn kita manungså mono ing atasé badan lan umuré dhéwé ora kuwåså. Åpå manèh síng múng wujúd barang sampiran kåyådéné drajad sêmat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula såkå iku åjå kibír, jubriya lan åjå sók dumèh. Awít isíh ånå panguwåså liyå (Gústi Allah) kang luwíh kuwåså.
Pitudúh : # 114

Ngombé lan mêmangan yèn tanpå takêr lan tanpå pilíh-pilíh iku pancèn biså nêkakaké bilahi. Mula nyandhêt ubalíng kêpinginan ngombé lan mêmangan kang kåyå mêngkono mau wís atêgês sawijiníng pamarsudi nyêgah karusakaníng jiwå lan rågå. Wóndéné sranané kang prayogå yaiku påså síng mêngku ancas pupúr sadurungé bênjút nyingkiri sadurungé bilahi.
Pitudúh : # 115

Kamulyan lan kanikmataning uríp wóng-wóng kang sugíh dituku måwå tangising rakyat kang mlarat.
Pitudúh : # 116

Kang kinaran janmå kang wís kadunúngan cíptå kang wêníng iku, yåiku såpå kang wís têmên-têmên mantêp pangidhêpé marang Gústi Kang Múrbèng Dumadi. Wóng kang kåyå mangkono mau samångså nindakaké pakarti åpå tå åpå tansah linambaran ati kang sarwå têpa tulús, kabèh-kabèh amúng akarånå Allah. Ora cilík ati, gêdhéné ngråså owèt ing kalané wóhíng panggawéné mitunani awaké dhéwé, nangíng biså gawé raharjané sêsamaníng dumadi. Kósókbaliné wóng kang nindakaké pangibadah nangíng isih ndarbèni pêpinginan supåyå diwêruhana lan digawókana déníng Allah, iku pratåndhå yèn pangidhêpé lan pangibadahé durúng akarånå Allah.
Pitudúh : # 117

Pambudidayanirå manêmbah marang Pangéran iku prayogané åjå sirå anggo sarånå ngalab tumuruníng pêparingé, nangíng mligiya nindakaké panêmbah múng såkå niyat manêmbah. Awít wóng kang nyênyadhóng sihíng Pangéran sarånå laku panêmbah kathík banjúr nyåtå kalêksanan panyuwuné, ing adat wóng mau banjúr dadi kêthúl kawaspadané marang kaluhuran lan kêagungané Kang Múrbèng Dumadi. Aran isíh bêgjå yèn ora banjúr dadi wóng jubriyå sênêng nyêpèlèkaké marang sêsamaníng dumadi.
Pitudúh : # 118

Ånå sawènèhíng wóng kang duwé pênganggap mênawa nyênyuwún sihíng Allah iku ora ånå gawéné. Awít Gústi Allah iku adíl lan Måhå Wuninga saénggå ora bakal pêparíng marang wóng kang ora pantês nampa ganjaran, nangíng wóng mau sajak lali yèn Gústi Allah mono Maha Wêlas lan Maha Asíh. Ugå ana sawènèhíng wóng kang ora prêcåyå marang anané Gústi Allah, prêsasat ugå ora prêcaya marang anané dhéwé, déné nganti awaké lair ånå ing donya. Nangíng yèn wóng mau nandhang rêribêd lan nalaré wís pantóg, adaté tuwúh osikíng atiné yèn Pangéran iku ånå malah banjúr disêsuwuni.
Pitudúh : # 119

Wóng kang kulina ngéníngaké cíptané kang rêsík ing wayah ésúk, lawas-lawas banjúr biså ngêningaké cíptané ing wayah bêngi ugå, lan sangsåyå lawas manèh bisa ngêningaké cíptå ing wayah åpå baé lan ing ngêndiya baé. Nangíng sabarang pratingkah iku biså dadi pakulinan manåwå katindakaké kanthi ajêg, sarånå panglantíh kang tumêmên lan ora bosên. Klawan mangkono sabarang kang mauné rinåså rêkåså lan abót, bakal sírnå. Mangkono ugå ånå bédané yèn kita kêpingín nanêm wiji kautaman, iya kudu kita gladhi tanpå bosên.
Pitudúh : # 120

Yèn pinuju wayah bêngi langité têrang banjúr tumêngåå ing tawang, kita bakal nyipati sapérangané gêlaríng alam, abyóríng langít kang sumilak sinêbaran lintang-lintang patíng krêlip, gêdhé cilík kåyå wís sêngadi tinåtå panggónané, angin sumilír ngobahaké kêkayónan lan gêgódhóngan kang ngandhút arumíng gandané kêkêmbangan. Síng kåyå mangkono sayêkti bisa nuwúhaké råså pangråså têntrêm ing ati kitå. Nangíng luwíh såkå iku, åpå síng kåyå mangkono mau ora ngosikaké kita tumrap kaluhuraníng Kang Måhå Agúng kang wús mranåtå sakabèhíng mau ?
Pitudúh : # 121

Tumrapíng wóng múrsíd yèn pinuju kambah ing prihatin, nolah-nolèh ngiwå nêngên wís ora ånå pitulungan manèh kang biså diarêp-arêp têkané. Parandéné ora bakal kóncadan ing pangarêp-arêp. Awít wís mangêrti mênåwå tambané prihatín kang ampúh iku ora liyå kêjåbå : sabar. Sabar lan tawakal nyênyuwún kanthi têmên-têmêníng ati marang kamurahaníng Kang Måhå Kuwåså kang ngrêgêm sakabèhíng mobah-mosikíng jagad saisiné.
Pitudúh : # 122

Ala-alaníng kêlakuwané wóng ora kåyå kang sinúng watak “Såpå sirå såpå ingsún”. Margå sèndhènan kaluwihané, êmbúh kêkuwasaané, êmbúh karósan, sênêng tumindak sawênang-wênang marang kalahané kang wís titå ora bakal kumawani mancahi gêdhéné nganti wani mbandakalani kêkarêpané. Wóng kang nduwèni sêsipatan kåyå mangkono mau prayogå énggal ngélinganå mênåwå laku jantraníng jagad mono wís kinodrat cåkrå manggilingan; síng wingi ånå ngisór déné sésúk gilír gumanti bakal ngêrèhaké.
Pitudúh : # 123

Sabên dinå kitå ajêg rêrêsík badan lan pênganggo, kajåbå amríh bagas kuwarasan ugå katón apík lan ngrêsêpaké. Iki pakulinan kang apík. nangíng luwíh prayoga manèh yèn jroníng ati banjúr katuwuhan osík : åpå sabên dinå kita ugå rêrêsík lan ngupakara batín lan jiwå kita amríh sangsåyå apík lan sangsåyå rêsík såkå sakèhíng rêrêgêd såkå anané cacad-cacad lan panggodhå.Sêbab yèn badan wadhag kang kênå ing rusak iku kita gêmaténi, généyå jiwå kitå kang asipat langgêng malah kita lírwakaké pangupakarané ?
Pitudúh : # 124

Suméndhé ing takdir iku dudu sipaté wóng kang sênêng ulah luhuríng kêbatinan, nangíng dadi wataké wóng kang lumúh tumandang gawé lan cupêt nalaré. Luhuríng kêbatinan kudu tansah jumbúh lan laras karo ajuníng kawrúh lair. Liré, kêbatinan kang luhúr iyå kudu biså ngujudi pakarti kang luhúr ugå, kang biså njunjúng lan mulyakaké drajadíng nuså lan bangsané. Pitudúh : # 125
Såkå kayungyúníng manungså marang båndhå, sêmat lan drajad anggóné migunakaké nganti kêrêp nglírwakaké kautaman, nglalèkaké jêjêríng kamangnungsan. Uripé prasasat kaêsók kabèh ånå ing kono. Ora ngélingi kêpriyé wusananíng dumadi. Ing jagad pancèn ora ånå wêwalêr wóng nglumpúkaké båndhå råjåbrånå, janji pikolèhé manút dalan kang bênêr lan dipigunakaké minångkå prabót prênataníng jagad.
Pitudúh : # 126

Uríp tanpå gêgayuhan luhúr, bêbasané kåyå lêlawuhan tanpå uyah, sêpå tan miråså. Gêgayuhan bisané kasêmbadan kudu sinartan ngèlmu, jalaran ngèlmu mono pancèn sanguné ngauríp, wóndéné ngèlmu iku tinêmu ing laku lan tandang. Sakèhíng tandang ora bêcík kêlakóné yèn ora mapan. Liré, bisowå tansah ngélingi marang jantraníng kahanan. Wóng kang tandang tandúké mapan, angèl kêpèpèté, jalaran yèn mapan mêsthi cêpak waspadané. Déné waspådå mono sirikané målå lan adóh såkå bêbêndhu.
Pitudúh : # 127

Sakabèhíng tumindak iku panimbangé manút kawusanané. Mula muríh bisané sampúrna, sabarang kang bakal dilakóni lan ditindakaké iku luwíh dhisík thinthingånå lan pilah-pilahna ålå bêciké kanthi wêningé nalar/pikír. Yèn wís, tumindaké kanthi dugå lan prayogå, sartå måwå têpå tulådhå. Liré, sabarang patrap mau upamaknå tumrap awaké dhéwé, ilangnå pangirå-irå tumrap awaké liyan kang durúng disumurupi. Élingå, såpå kang arêp mbêcíkaké alam donya iku, kudu mbêcíkaké awaké dhéwé luwíh dhisík.
Pitudúh : # 128

Ciri-ciriné jiwa kang isih kóthóng mono biså dititík såkå ulat praupan, tutúr wicara, lan tingkah lakuné kang ora naté gêlêm kalah. Sabarang tindak-tandúké kêpingín unggúl lan mamèraké kaluwihané, ora anggèr kaluwihan biså kanggo ngadhêpi bêbåyå lan ngêntas såkå papan cintråkå. Kaluwihan kang tanpå dilandhêsi kautaman, kênå diumpamakaké kayadéné wêdhak pupúr síng nèmpèl ing njaban kulít baé, ora biså tahan suwé lan gampang luntúr margå såkå pakartiné dhéwé, awít nêrak dhasar-dhasar bêbênêr lan kasucian.
Pitudúh : # 129

Sabên tumindak sêjangkah ngilowå marang kinclóng-kinclóngé banyu samudrå síng suthík kanggónan sangkrah, jalaran sakèhé uwúh mêsthi disingkíraké minggír. Sabên makaryå sapêcak, tuladhanên pakartiné banyu tritisan, nadyan tumètès mbåkå satètès, ditindakaké kanthi ajêg kêcónggah mbólóngaké watu síng atósé ngluwihi wåjå.
Pitudúh : # 130

Såpå kang bisa nêlukaké mungsúh-mungsúhé, dhèwèké diarani kuwat. Anangíng såpå kang bisa nêlukaké awaké dhéwé, iya dhèwèké iku kang luwíh kuwat manèh.
Pitudúh : # 131

Samångså lagi ngadhêpi uríp rêkåså prayogané adhêpana klawan èsêm gumuyu. Awít iku wus wujúd sênjåtå kang bisa gawé ènthèngíng sanggan lan bakal numusi muluríng pikír. Nanging yèn pênandhangmu mau tansah kók adhêpi kanthi ulat kang suntrút adhakané kowé bakal kêntèkan pikír kang wêníng, wusanané dadi nékat nuruti pokal kang nêrak bêbênêr.
Pitudúh : # 132

Såpå kang nganggêp åpå baé gampang, mêsthi bakal nêmu akéh rubédå. Såpå kang gampang janji, iya kuwi kang arang nêtêpi.
Pitudúh : # 133

Uríp têgêsé mbudidåyå ngêtóg tênågå (bêrjuwang). Uríp níkmat tanpå angín prahårå pådhå karo sêgårå kang mati. Aku luwíh sênêng ditêndhang, dilawan déníng nasíb, tinimbang diugúng.
Pitudúh : # 134

Laku jujúr kuwi pådhå karo dhuwit kang biså laku ing ngêndi baé.
Pitudúh : # 135

Kang bêcík lan ålå, kabèh mêsthi nåmpå pikolèh, sênajantå kadhang­kadhang nampané cêpêt, kadhang-kadhang alón.
Pitudúh : # 136

Wóng kang kinaranan bêrbudi iku, yåkuwi wóng síng rumångså tambah kasíksa yèn nyumurupi sapêpadhané nandhang påpå lan kasangsaran. Runtúhé råså wêlasé adaté banjúr sinusúl sarånå cucúlé prabéyå lan barang darbèké. Nangíng pancèn angèl gólèk-gólèkané wóng síng kåyå mangkono iku. Buktiné ora sêthithík wóng síng mati mêrgå kêwarêgên, apamanèh wóng síng mati amargå kalirên.
Pitudúh : # 137

Manungså kuwi dadiné bêcík miwiti såkå njêro mênjåbå.
Pitudúh : # 138

Kang waspådå marang awakmu dhéwé jalaran iyå awakmu dhéwé kuwi kang mujúdaké mungsúhmu kang palíng gêdhé.
Pitudúh : # 139

Manungså kang múng ngélingi marang pakartiné pancadriyané mono bakal tansah kasinungan råså dhêmên utåwå sêngsêm. Såkå Råså Dhêmên banjúr kathukúlan råså mélík, såkå råså mélík munggah dadi nafsu, såkå nafsu banjúr nasar pakartiné lan sírnå bêbudèné síng wêkasané tumiba ing påpå, nandhang kasangsaran.
Pitudúh : # 140

Wóng juwèh, kawruhé tumèmpèl ing lambé, kumrêcêk ngêbaki ing pasamuwan, katút samirånå mrånå-mréné. Bédå karo wóng mênêng, kawruhé sumimpên ånå ing ati wêníng. Wêtuné ora sarånå lambé, nangíng katampanan ing pucukíng pèn, mili ambèr ing kêrtas putíh, rinasakaké ing wóng sajagad.
Pitudúh : # 141

Amríh uríp kita tansah nêmóni rahayu, åjå kêndhat nggêgulang nandúr cíptå utåmå sajroníng ati sanubari kita sinartan panyuwunan kang manthêng marang Gústi Kang Måhå Wêlas lan Måhå Asíh, mugå pinaringan nugråhå biså ndarbèni ati kang wêníng lan jiwå kang utåmå. Pancèn ora gampang wóng ngudi bisané kasinungan cíptå utåmå ngélingi mênåwå manungså mono mulå wís kêsêrênan sipat apês lan lali. Sók ngonowå yèn tå sawisé nandhang apês lan lali banjúr gumrégah manèh pangudiné åpå déné ora kêndhat ing panglantihé mantêpå ing kêyakinan yèn Gústi Allah ora bakal ora ngudanêni panyuwún kitå.
Pitudúh : # 142

Kawrúh lan “Ilmu pêngêtahuan” iku múng biså digayúh lan dikuwasani kanthi laku kang laras karo åpå kang diwulangaké. Liré, ajaran téoriné kudu biså dicakaké lan ditrapkaké kanggo karahayóníng bêbrayan. Wóndéné lakuné mono kudu sinartan tékad kang gilíg lan kêkarêpan kang tulús lan mantêp kinanthènan katêguhaníng iman, kanggo ngadhêpi sakèhíng panggodhå sartå nyingkiri sikêp laku kang sarwå dudu.
Pitudúh : # 143

Banyu iku bisaníng bêníng yèn wís mênêp. Sanadyan mauné buthêk, nangíng yèn wís mênêp, iyå banjúr bêníng. Sêmono ugå tumrap pêpinginan utåwå gêgayuhan yèn diudi nganti katóg lan mênêp ing têmbé ugå bakal kasinungan sifat bêníng. Liré, nadyan pêpinginan lan panggayu bisa kalêksanan klawan tumuli, éwå sêmono yèn ditlatèni suwéning suwé ugå bakal kasêmbadan.
Pitudúh : # 144
Yèn kêpingín nglungguhi pangkat kang dhuwúr luwíh prayogå yèn dikawiti såkå kalungguhan kang êndhèk dhéwé. Awít klawan mêngkono ing têmbé kowé ora bakal gampang disêpèlèkaké déníng bawahanmu. Lan kang utåmå yaiku kowé nuli biså madêg dadi pêmimpín kang biså nglungguhi ing kawicaksanan, adóh såkå watak dêgsurå, anané múng sarwå kêbak råså têpå salirå.
Pitudúh : # 145

Ginubêl déníng råså “Tansah kurang marêm” marang asilíng pakaryan utawa jêjibahan kang diayahi, saugêr ora ngångså-ångså, sayêkti malah dadi pamêcút kang bêcík kanggo luwíh maju. Nangíng yèn råså tansah kurang marêm mau ngênani wuwuhíng donyå­brånå, ora bédå kåyådéné rêridhu síng èsthiné múng tansah rinåså kayadéné pasiksané ngauríp.
Pitudúh : # 146

Élingå, mbésúk yèn wís tumêkaning janjiné ora kênå ora, badan wadhag lan sabarang kalír kang kita darbèni iki bakal kita tinggalaké kabèh, ora ånå kang kitå gåwå mênyang alam kalanggêngan. Mula åjå bangêt nggónira katrêm marang kadonyan. Åpå manèh, såpå kang tansah ngêgúl-êgúlaké marang donyå branané lan gandrúng marang pêpinginan kang ora langgêng, èsthiné ora bakal bisa nêmókaké kahanan kang biså gawé langgêngíng kasênêngan lan katêntrêmaníng ati.
Pitudúh : # 147

Batiné wóng kang bisa ndarbèni ati nriman iku tansah ayêm lan têntrêm, margå satingkah laku tansah linambaran kêyakinan kang kandêl marang kadar pêparingé Pangéran. Nriman ora têgês wis marêm åpå anané, nangíng suwaliké kêpårå malah sungkan mênêng. Múng baé ora grusa-grusu kåyå tumindaké wóng kang nduwèni sipat ngångså-ångså kåyå ora gêlêm ngakóni karang anané pandúm.
Pitudúh : # 148

Abót-abóting cobå tumraping ngauríp iku malah ora kåyå wóng kang lagi kêbyukan sihíng Gústi Allah. Yèn lulús såkå pandadaran biså dadi manungså kang kajåbå gêdhé síh kadarmané ugå wicaksånå laír batiné. Nangíng yèn tå ora têgúh imané, wóng kang lagi kabómbóng ing donyå artå lan kêladúk rumångså sarwå kuwagang mbêndúng sêgårå njugrúgaké gunúng mau istingarah bakal kóncatan kawaspadané. Kêjåbå lali marang sangkan parané ugå lali yèn sakèhíng drajat lan sêmat dalasan têkan nyawané dhéwé pisan iku múng lugu barang titipan kang sawayah-wayah bisa dipundhút bali déníng Kang Kagungan.
Pitudúh : # 149

Ambudidåyåå ing båndhå manút sakatógíng tênågå nangíng åjå lali kinanthènan tékad lan sêdya yèn sapérangan bakal kita tanjakaké kanggo nindakaké pangibadah. Élinga yèn pati iku lawangíng akhérat, déné laku ngibadah iku kang biså dadi sarånå nggampangaké manungså tumêkané marang ing lawang mau kanthi råså pangråså tobat lan sumarah. Suwaliké, jiwå rågå kang ora kanggo tobat nalangsa ing Gústi Allah iku ora bédå kåyå anggané båndhå kang ora dijakati lan ora ditanjakaké kanggo pênggawé kabêcikan.
Pitudúh : # 150

Yèn sirå pinuju nandhang bagas kuwarasan, élinga yèn nalika kênå ing lårå, supríh sirå têtêp bagas kuwarasan kanthi sêsirík prakårå-prakårå kang mbiyèn nyêbabaké lårå. Yèn ing nalikå sugíh, élingå yèn kêna ing pêkír, lêkas síng kåyå mêngkono mau kanggo ngawékani amríh sira ora gampang kadunungan pikiran sênêng pamèr lan sêsóngaran. Kawruhånå, iku kêpårå nudúhaké pratåndhå yèn dhèwèké iku sêjatiné wóng kang tunå ing råså wêlas asíh lan miskín ing kawrúh.

One thought on “PIWULANG KAUTAMAN III

  1. Pingback: PIWULANG KAUTAMAN III | kiagengjatipamungkas

Comments are closed.