SERAT WULANGREH


Yasanipun Kanjeng Sri Susuhunan Pakubuwana IV

PUPUH I

DHANDHANGGULA

01. Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah

ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.

02. Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-

aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.

03. Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.

04. Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.

05. Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang : prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.

06. Ana uga den antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu,

panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembah Hajang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang

sarengat, batal haram nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.

07. Angel temen ing jaman puniki, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene prijangga.

08. Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kantira

Pupuh 2
KINANTHI

01. Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

02. Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan guling, lawan ojo sukan-sukan, anganggowa sawatawis, ala

watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.

03. Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.

04. Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil, yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

05. Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi maling.

06. Sanadyan nora melu, pasti wruh lakuning maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha gelis bisa, yeku panuntuning iblis.

07. Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung linakwan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mufa’ati badanneki.

08. Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor dipun bucal, unbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk kang den gulang, kumenthus lengus kumaki.

09. Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lambanging waong ala, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, kang ala miwah kang becik.

10. Cerita kang wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener lan becik, tindak bener lan kang salah, kalebu jro caritareki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.

11. Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.

12. Ingkang becik kojahipun, sira anggawa kang remit, ingkang ala singgahana, aja niat anglakoni, lan den awas wong kang kojah, ing lair masa puniki.

13. Akeh wong kang bisa muwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den

pakolihaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.

14. Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana amemedha, angrasa pinter ngluwihi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipun cedhaki.

15. Singakna den kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen open nora layak, yen sira sadhinga

linggih, nora wurung katularan, becik singkiorana kaki.

16. Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lan den wedi mring wong tuwa, ing lair prapto ing batin, saunine den estokna, ywa nambuh wulang kang becik.

Lajenganipun:

https://haristepanus.wordpress.com/falsafah-jawa/serat-wulangreh-pupuh-3-5/

https://haristepanus.wordpress.com/falsafah-jawa/serat-wulangreh-pupuh-6-7/

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s