SERAT WULANGREH


PUPUH XI
SINOM

01

Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka
bungah den ina sapadha-padha.

02

Ingsun uga tan mangkana, baliku kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani,
balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa
ngrasa prandene sugih carita.

03

Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik,
miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teko nora nana
undaking kabisan.

04

Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina
wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi,
tatakrama ing pratingkah karaharjan.

05

Nanging padha estokana, pitutur kang muni tu’ia, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki,
nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati
wuruke wong tuwa-tuwa.

06

Lan aja nalimpang padha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan
guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya, mungguh wong nedheng
Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan.

07

Hyang sukma pan sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil,
nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut
canggah warenge kang tampa.

08

Panembahan senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang
Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga
niruwa lelakonira.

09

Mring leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu
sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin dingin, aniruwa sapretelon
saprapatan.

10

Pan ana silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning prihatin, lawan
ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan mati sajroning urip, ingkang kuna pan
mangkono kang den gulang.

11

Pamore gusti kawula, punika ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi, gampange ta kaki,
tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama tembaga tuwin kencana.

12

Yen aranana kencana, dene wus awor tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan kancanedi, milanya
den westani, aran suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti yen
warna beda.

13

Cahya abang tuntung jenar, puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora becik,
pambesate tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan suwasa
bubul arane punika.

14

Yen sira karya suwasana, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha tembaga prusi, biresora kang
resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa
mulya.

15

Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti
kudu resik, aja katempelan napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin, pedimene apan sarira
tunggal.

16

Lamun mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den sasabi, ewoh
gampang sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung marengi, ing
wetune binuka jroning wardaya.

17

Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok pinanggih,
den mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa udani, apan ana
dalile kang wus kalawan.

18

Marang leluhur sedaya, nggone nenedhamring Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat Jawi, saking
telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune leluhur dingin, andhap asor anggone
anamur lampah.

19

Tampane nganggo alingan, pan padha alaku tapi, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja katawis, jub rina
lawan kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang kanggonan, wahyune karaton Jawi,
tinampelan anggape pan kumawula.

20

Punika laku utama, tumindak sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den alingi,
panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja ana
ninggal lanjaran.

21

Lan maning ana wasiyat, prasapa kang dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak putu ingkang kari,
lan aja na kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur padha, kang minulyakaken ing Widdhi, muga-
muga mufaatana ing darah.

22

Wiwitan ingkang prasapa, Ki Ageng Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan linilan nganggo keris,
miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge pan nora keni,
anginguwa marang wong wadon tan kena.

23

Dene Ki ageng Sela, prasape ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe den waleri,
kapindhone tan keni,ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena dhahar, Panembahan Senopati,
ingalaga punika ingkang prasapa.

24

Ingkang tedhak turunira, mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun waleri, yen
nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri tan ana nunggoni,
dipun emut punika mesthitan kena.

25

Jeng Sultan Agung Mataram, apan nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal bendana yen jurit,
nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan bisa nembang kawi,
pan prayoga satedake sinauwa.

26

Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira
anenggih, tan linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring saturunreki,
tan rinilan ujung astana ing Betah.

27

Lawan tan kena nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja na kang
lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng Susunan, Pakubuwana ping kalih,
mring satedhak turunira linarangan.

28

Dhahar apyun nora kena, sinerat tan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha nglakoni,
narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken tedhakneki, Kanjeng
Sunan ingkang sumare Nglawiyan.

29

Prasapa Kangjeng Susunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den lelani,
ngawe andel ugi, wong seje ing jinipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri, poma aja wani
anrajang prasapa.

30

Wonten waler kaliwatan, saking luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana Krendhawahaneki,
dene kang amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen
dolana mring wana tan kena.

31

Dene sesirikanira, yen tedhak ing Demak nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang nyenyirik
malih, bebet lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan paying dadaan abang, tedhak Madura tan
keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.

32

Yen tedhak Kudus tak kena, yen dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena ajang piring,
watu tan den lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara, miwah lamun dhahar ugi, nora kena
ajang godhong pelasa.

33

Kabeh anak putu padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna,wewaler leluhur nguni, estokna
away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan manggih basuki, Sinom salin Girisa
ingkang atampa.

PUPUH XII
GIRISA

01

Anak putu den estokna, warah wuruke pun bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke wong
tuwa,ing lair batin den bisa, anganggo wuruking bapa, ing tyas den padha santosa, teguhana jroning
nala.

02

Aja na kurang panrima, ing pepasthening sarira, yen saking Hyang Moha Mulya, kang nitahken badanira,
lawan dipunawas padha, asor unggul waras lara, utawa beja cilaka, urip utawa antaka.

03

Pan iku saking Hyang Suksma, miwah ta ing umurira ingkang cedhak,lan kang dawa, wus pinasthi ing
Hyang Suksma, duraka yen maidowa, miwah yen kurang panrima, ing lokhilmahfut punika tulisane pan
wus ana.

04

Iku padha kawruhana, sesikune badanira, aywa marang kang amurba, Kang Misesa, marang sira, yen sira
durung uninga, prayoga atatakona, mring kang padha wruh ing ma’na, iku kang para ulama.

05

Kang wus wruh rahsaning kitab, darapon sira weruha, wajib moka ing Hyang Suksma, wiwah wajibing
kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta ing tatakrama, sarengat dipunwaspada, batal kharam
takokeno.

06

Sunat lan perlu punika, perabot kanggo sadina, kaki iki dipunpadhang, tatakaniro den terang,lan aja
bosen jagongan, marang kang para ‘ulama, miwah wong kang wus sempurna,pangawruhe mring Hyang
Suksma.

07

Miwah ta nagara krama, tindak tanduk myang bebasan, kang tumiba marang nistha, tuwin kang tiba ing
madya, lawan kang timbang utama, iku sira takokena, ya marang para sujana, miwah wong kang tuwa-
tuwa.

08

Kang padha bisa micara, tuwin kang ulah susastra, iku pantes takanana, bisa madhangken tyasira, karana
ujaring sastra utawa saking carita, ingkang kinarya gondhelan, amemuruk mring wong mudha.

09

Lawan sok kerepa maca, sabarang layang carita, aja nampik barang layang, carita kang kuna-kuna,
layang babat kawruhana, caritane luhuriro, darapon sira weruha, lelakone wong prawira.

10

Miwah lelakone padha, kang para Wali sadaya, kang padha antuk nugraha, angsale saking punapa,
miwah kang satriya, kang digdyana ing ayuda, lakune sira tiruwa,lelabetan kang utama.

11

Nora susah amirungga, mungguh lakuning satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha lan kang utama,
kang asor kang padha, miwah lakuning nagara, pan kabeh ana carita, ala becik sira wruha.

12

Yen durung mangerti sira, caritane takonana, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha wruh ing carita,
iku ingkang dadi uga, mundhak kapinteranira, nanging ta dipun elingan, sabarang ingkang kapiyarsa.

13

Aja na tiru ing bapa, banget tuna bodho mudha, kethul tan duwe graita, ketungkul mangan anendra,
nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa, mring pitutur kang prayoga, kabe padha anyakepa.

14

Umure padha dawaa, padha atut aruntuta, marang sadulure padha, den padha sugih berana, tanapi
sugiha putra, pepaka jalu wanodya, kalawan maninge aja, nganti kapedhotan tresna.

15

Padha sami den pracaya, aja sumelang ing nala, kabeh pitutur punika, mapan wahyuning Hyang Suksma,
dhawuh mring sira sadaya, jalarane saking bapa, Hyang suksma paring nugraha, marang anak ingsun
padha.

16

Den bisa nampani padha, mungguh Sasmitaning suksma, ingkang dhawuh marang sira, wineruhken
becik ala, anyegah karepanira, marang panggawe kang ala, kang tumiba siya-siya, iku peparing Hyang
Suksma.

17

Paring peling maring sira, tinuduhken ing dedalan, kang bener kang kanggo uga, ing dunya ingkang
sampurna, mugi anak putu padha, anaa dadi tuladha, ing kabecikan manusa, tiniruwa ing sujalma.

18

Sakehing wong kepengin, nira solah bawanira,marang anak putu padha, anggepe wedi asih, kinalulutan
bala, kadhepa saparentahnya, tulusa mukti wibawa, ing satedhak turunira.

19

Didohna saking duraka, winantuwa ing nugraha, sakehe anak putu padha, ingkang ngimanaken samya,
marang pituture bapak, Alloh ayem badanana, ing pandonganingsun mapan, ing tyasingsun wus rumasa.

20

Wekasingsun supaya surya, lingsir kulon wayahira, pedhak mring surupe uga, atebih marang imbulnya,
pira lawase neng dunya, ing kauripaning jalma, masa nganti satus warsa, iya umuring manusa.

21

Mulaningsun muruk marang, ing kabeh atmajaningwang, sun tulis ngong wehi tembang, darapon padha
rahaba, nggonira padha amaca sastra ngrasakna carita, aja bosen den apalna, ing rina wengi elinga.

22

Lan nuli pada elinga, kaya leluhure padha, digdaya betah ing tapa, sarta waskitha ing nara, ing
kasampurnaning gesang, patitis tan kasamaran, iku ta panedhaning wang, kang muga kelakonana.

23

Titi tamating carita, serat weweling mring putra, kang karya serat punika, Jeng Sunana Pakubuwana,
Surakarta ping sekawan, ing ngalin panedhanira, kang amaca kang amiyarsa, yen lali muga elinga.

TAMATING PAMANG

Sak derengipun:

serat wulangreh pupuh 8-10
serat wulangreh pupuh 6-7
serat wulangreh pupuh 3-5
serat wulangreh pupuh i lan ii

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s