SEKAR PANGKUR


PANGKUR

01

Dupi sang nata miyarsa, geger gumuruh kang anan Jawi, sang prabu Lutungkasarung, sigra amiyos enggal, angliga dhuhung Linggaiyang den suduk, sapisan madhuwa raga, dadi roro den pindhoni.

02

Sinuduk pan dadi papat, pining telu dadi wolu sayakti, pining pat panyudukipun, dadi bocah nembelas, pa wus dadi akeh enggal ngarubut, sang prabu ngebyuki padha, tan bias polah kawingkis.

03

Rinejeng tanpa wisesa, lininggihaken ing rante wesi, Lutungkasarung wus lungguh, ing rante tanpa sesa, aneng bale rinengku ya pinikul, dening lare kanembelas, den babayang den suraki.

04

Basane lare akathah, ya sang prabu Lutungkasarung lali, buang jabang aneng banyu, ing kali cibayabang, prabu Lutungkasarung wansulanipun, iya isun eling pisan, telu kena ing saiki.

05

Iku ing sakarep ira, pan si bapa uwis seja sumingkir, sulurana lungguh isun, yata lare pra samya, surak-surak ing sapanjanging dalam gung, anggotong kang babaleyan, braise kalaras aking.

06

Para ponggawa Pakuwan, gumurudug iku padha tut wingking, sapuruge gustinipun, den bakta maring alas, ing Cikundhang goning omah wesi mau, Lutungkasarung pinarna, wonten ing pagriyan wesi.

07

Wus pinutup tanpa sesa, kedya wong den panjara tan bias mijil, lare nembelas surak kasruh, la ya kita jaya, Prabu Lutungkasarung yata aja tambuh, ya iki pamales ira, bramana Lingga duk wingis.

08

Yata mantra Pajajaran, andaringen ningali pohal-pahil, ing bocah nembelas iku, dening bapa ing laksana, hadan Prabu Lutungkasarung amuwus, he wong Pajajaran sira, den idhep angaku gusti.

09

Ing bocah iku kang nyata, anak isun sing rayi Purbasari, prayoga gaganti isun, dupi manira pejah, mulih maring ajala kasuciyan isun, agadhaton tanpa genah, lawan patinisun benjing.

10

Ana ing dina wekasan, wusing nabda samana adanuli, sang prabu Lutungkasarung, mereh kadya wanara, amengkorog sarta mealakken buntut, mesate ing jomantara, musna ilang tan ing ngaksi.

11

Bale rante bus malesat, tiba bumi mila den arani, Balerante iya iku, wuryataning akuna, wus mangkana lare nembelas pun wau, wus polih dadi sajuga, kadi duk wau tumuli.

12

Kulawarga Pajajaran, padha ngiyung ing Linggaiyang ngapti, samatuke saking ngriku, karsa medhek ingkang eyang, ya sang prabu Ciyungwanara puniku, Purbasari wus ing kana, ing ayunan rama aji.

13

Wus kempal amatepungun, prabu sepuh Ciyungwanara angling, la ta bener ujar isun, sing bangdiwenka apa, Lutungkasarung anuruni rama Galuh, merade saking panjara, anake kang mikarani.

14

Purbasari lan momonga, anakira Linggaiyang iki, kang dhingin dibuwang ngebur, ingbangawan ya ika, saikine sabetahan ya tinemu, katemu maning denira, den becik sira ngopeni.

15

Maring iku anak ira, istrinana dumadiya susuluring, bapane ingkang wus lampus, ya tai ka kang liningan, sami atur sembah sadaya sumuhun, sinauran dening jagad, geter pater ketug muni.

16

Samantuke saking kana, Linggaiyang binakta mantuk dening, Dewi Purbasari agung, wus prapta pura Pakuwan, ing istrenan sampun sira ngadeg ratu, jeneng prabu Linggaiyang, amurba Sundha negari.

17

Ratu anyar Pajajaran, Linggaiyang Sinarojang Bupati, bandhu warga kawula iku, papatihe winastan, Kyai Patih sempokwaja parab ipun, katumenggung Jatipamor sakti.

18

Lan Ki Demang Dhungkabadhag. Ki Ngabehi Kolotbuntut asakti, wong sanak singraja Galuh, lan Ki Dalem Tegaljamang, Sindhangkasih nama dalem Somaluhur, ajujuluk Somahita, sanak medhoke sang aji.

19

Ya sang Prabu linggaiyang, kacarita ora jengjem mengku rabi, sing awadon kang karungrum, ya babar pisan pejah, katarajang Dakar waja landhepipun, kaya keris landhep pisan, amedal pamore mandi.

20

Dadya pirang-pirang garwa, akathah selir kawangking angemasi, kang den wangking angemasi, kang den wangking ingalulut, padha babar pisan pejah, pan sakehing istri sisiriha maju, wedi yen den rabenana, wados ginawa sarasmi.

21

Kapokoh pinaksa-paksa, parandene yen kacebak nuli mati, pramila ika sang prabu, Linggaiyang dumadya. La yen santek esir nora pilih lawuh, kidang manjangan den jamah, mulane nuli nedhaki.

22

Kidang manjangan kang nyangga, ora mati kaduga ana titis, kang tumurunita besuk, kang katelah sesebatan, kang prayayi kang turun kidang pananjung, saking kono ruru ira, taliti turunan aji.

23

Selir kidang lan majangan, besuk ana katela ingkang nami, prayayi kang katurun, ana ingkang kasebat, gih manjangan gumarang sing naminipun, taliti purba wisesa, waris Yang Sundha negari.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s