SEKAR MIJIL


01

Ya Prabu Ciyungwanara mangsuli, boten wonten roro, ya tetelu aturku sajatine, gih punapa karsa putra aji, kawula dhuluri, sok dadiya arju.

02

Sampun nelangsa ing salasa tunggil, punika kang dados, panedha kula ing sadayane, para putra sing ngatas angin, pan rama ing uni, dhateng saenipun.

03

Kula tempuhaken lawan nalisip, bilih putra mangko, nuntenweleh geni boten moset, karanane punika kang geni, dede geni pranti, sampun kadhalangsu.

04

Heran kula ika geni, tan wonten sosolot, manther angger tan ana surude, kula dhugi wonten nyurupi, adhining asakti, kaduk mahinggurut.

05

Raja-raja sabrang aturnya aris, gih cobi kemawon, geni lawan toya musuhe, kang atos inggih dipun linggis, mangkana kang inggil, dipun sengget runtuh.

06

Ingkang letak dadi pujajagi, kang suker tinatas entong, lagi laut kang jro jembare, kenging ugi den silulupi, lan dipun langeni, kalawan parahu.

07

Punika malih wernine kang geni, gampile kang mangko, Prabu Ciyungwanara sahure, la inggih sakarsane sami, kahula kang nguning, dhateng saenipun.

08

Ya ta raja sabrang ting padhigdhing, reka-reka gatos, ting surakata ing sahakale kabeh, gawe pongpa kang anemburwarih, wane gobakwari, sisrate mancur.

09

Ana gawe banyu janantrawis, warna-warna katon, banyu pecut kang munjuk mancure, akal sabrang ing sabagi-bagi, ana gawe banjir, bumi metu banyu.

10

Sigegen ingkang sabagi-bagi, kocapan sang katong, ya sang prabu Ciyungwanara jatine, kawalahan anglaladeni, maring kang ngamambri, dhateng putrinipun.

11

Sya kathah kang para bupati, kang sadya patakon, kang anglamar tiban sampire, ruru bae wus anjaladri, pangumbuk-umbaking, rurubahing ratu.

12

Ing alun-alun wus dadi ukir, kang murut mrangmong-mong, ya sang Prabu dereng nampani karsane, dening ewuhe putraneki, lumuhe tan apti, ewu mana para ratu.

13

Kang wus sewaka kulina ngasi-asih, ing praja gung kono, ratu papat iku rurubahe, Palimanan kalawan Junti, Ujungtanah malih, lawan Kandhanghaur.

14

Sakapate anjum aminta kasih, lan putri ajodho, dhalem Palimanan wau sewakane, sayajenggi lawen manggi kardi, den panjer dumadi, buta geng asiyung.

15

Parandene ing putri den tampik, enggo apa thongsot, buta ngengenggo apa gawene, aneng kene anjejemberi, gewe ingkang tewi, lan gawe tahinipun.

16

Dalem Ujungtanah kang panggapti, maring putri kono, Sadhajenggi matur kasaktene, la den nemu gawe ika nuli, den panjer dumadi, musuh datan weruh.

17

Dasa rupa merat sampurna lalais, la ika duk pahor, ya prandene tan kanggep sawakane, dedenira jeng putri anampik, enggo apa sakti, kaya kuwi niku.

18

Merat-merat apadu menesi, esak-esak katon lawan katon, la saka sanake, ora papa mungguhing mami, sakti kaya bellis, anyiluman kidul.

19

Dalem Munti ingkang pangupami, dateng putri kono, kang walira katimaha gawene, la den karsa lulumbaning tasik, binuwang dumadi, buhaya tan untung.

20

Jajar-jajar kaya gethek ramping, atur karsa kang akon, parandene tan kanggep sewakane, ing putri den tampik malih, enggo apa sakti, bubuhayaniku.

21

Gigilani mungguh ingsun iki, ora rerengkono, endah rama malih prahuake, anganti kang buhaya jiji, ora sudi mami, ingkang kaya iku.

22

Dalem Kandhanghaur kang pangapti, rasukan kang poleng, kang ulese loreng lir kulite, wohing lir kulite, wohing rarawe lir wulu kucing, saktine den manggih, gawewan rinusak.

23

Nuli katon macan ageng wingit, nangkono den panor, parandene tan kanggep sewakane, dening putri tinampik malih, enggo maning, baju kaya ikut.

24

Dadi macan apa gunaneki, esak-esak ewong, nuli dadi dato sanepane, ina temen mungguhing mami, jalma nyarupaning, maun padha iku.

25

Ora layak temen mungguhing mami, sakti kang samono, ya ta atur-atur balik kabeh, datan ana kang kanggeping putri, Purbasari apik, nanging kersane sang Prabu.

26

Ciyungwanara mgadheg pangabekti, sanadyan tan kanggo, tan kaserep ing putri karsane, iya Endah Kitarawati, jingika kasaktin, bok menawa besuk.

27

Ana gunane ing sawuri-wuri, ngulatana ayo, dupi iki yawis teka dhewek, amung kita darma ngopeni, simpenen kepati, rang-urange gupuh.

28

Gemenana ing kawan prakawis, ing gedhong kilempong, gadha dalem pakuncen kang gedhe, pramilane Pakuwan darbe asakti, ingkang kawan warni, iya saking iku.

29

Saprakara Pajajaran bangkit, nyipta buta ijo, iya saking Palimanan asale, rong prakara ing Pakuwan bangkit, ora katon dening, pambereging musuh.

30

Kadi merad sapadhaning lalis, sada kang den enggo, den panjer dadi ing wiyange, Pangroban ya sakti saking, Ujungtanah pasthi, ning mongkara windhu.

31

Telung prakara Pakuwan bangkit, cipta buhayangon, saking Juntu tudu pinangkane, patang prakara ya bisa dari, macan cipta saking, dalem Kandhanghaur.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s