Serat Wulangreh (Pupuh 3-5)


PUPUH III

GAMBUH

  1. Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon.
  2. Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
  3. Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru, nadyan melu saking wong sudra papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo.
  4. Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang, kidang adigung pinasti, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
  5. Sikidang umbagipun, angendelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angendelken gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine kalamun nyakot.
  6. Iku upamanipun, aja ngendelaken sira iku, tukang Nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digung, ing wasana dadi asor.
  7. Ambek digang puniku, angungasaken kasuranipun, para tantang candala anyenyampahi, tinemenan boya purun, satemah dadi geguyon.
  8. Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh ngatiati, den kawang-kawang barang laku, den waskitha solahing wong.
  9. Dening tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula ing patinipun,ngedelken upase mandos.
  10. Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wongkang ngunggung, wekasane kajalomprong.
  11. Kumprung wong pengung bingung, wekasane lali nora eling, yen den gunggung katone muncu-muncu, wong pengung saya dadi, kaya wudun meh mencothot.
  12. Ing wong kang anggunggung, mung sepele iku pamrihipun, mung warege wadhuke klimising lathi, lantelese gondhangipun, rerubo alaning uwong.
  13. Amrih wareke iku, yen wus warek gawe nuli gawe umuk, kang wong akeh kang sinuprih padha wedi,amasti tanpa pisungsung, adol sanggap sakehing wong
  14. Yen wong mangkono iku, nora pantes pedhak lan wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti,nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedhoplok.
  15. Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe wruh pribadi,pangrasane keh wong nggunggung, kang wus weruh amelengos.
  16. Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den titeni, mring pawongsanak kang weruh, nora nana kang pitados.

PUPUH IV

PANGKUR

    1. Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo ing wong urip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata krama, den kaesthi siyang ratri.
    2. Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng myang nendra, duga-duga aja kari.
    3. Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun, kanggo sadina-dina, rina wengi neng praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambekan, papat iku aja lali Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak nora wurung neniwasi.
    4. Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna mininipun, pan dadipanengeran ingkang pinter kang podho miwah kang luhung, kang sugih lan kang melarat, tanapa manungsa singgih
    5. 06. Tinitik solah muna, lawan malih ing laku lawan linggih, iku panengeranipun, winawas ginrotan,

      pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujalma, datan amindho gaweni.

      07. Ginulang sadina-dina, wewekane ing basa lan basuki, ing jubriya-kibiripun, sumungah lan sesongaran,

      mung sumendhe sakarsanira Hyang Agung, ujar sirik kang rineksa, kautaman ulah wadi.

      08. Ing masa mengko pan nora, kang katemu laku basa basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei

      lan dora, iren meren pisastene pan kumingsun,sasolahe tan prasaja, jail mutakil basiwit.

      09. Alaning liyan den andhar, ing becike liya kang den simpeni, becike dhewe ginunggung,kinarya pasamuan,

      tan rumasa alane dhewe ngandhukur, wong mangkono wewateknya, nora pantes den pedhaki.

      10. Iku wong durbala murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun, sanadyan wus katekan,

      arep maneh nora marem saya mbanjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tuti wuri.

      11. Ing sabarang solah tingkah, ing pangucap tanapi nyang alinggih, tan suka sor ambekipun, pan lumuh

      kaungkulan, ing sujalma pangrasane dhewekipun, tan ana kangmadhanana, angrasa luhur pribadi.

      12. Aja nedya katempelan, watek ingkang tan becik tinutwuri, watek rusuh nora urus, tunggal lawan

      manungsa, dipun sami anglabuhi kang apatut, parapan dadi tuladha, tinula mring wong kang becik.

      13. Aja lunyu lumur genjah, angrong prasanakan nyumur gumuling, ambubuti arit puniku, watak kang tan

      raharja, pan wong lunyu nora kena dipun enut, monyar-manyir tan antepan, dela lemeran puniku.

      14. Para panginan tegesnya, genjah iku cecegan barang kardi, angrong prasanak liripun, karem ulah miruda,

      mring rabine sadulur miwah bebatur, tuwin sanak prasanakan, sok senenga dan ramuhi.

      15. Nyumur guling punika, ambelawah datan duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, wadine kang den

      urap, mbuntut arit punika pracekanipun, apener neng pangarepan, nggarretel dumunung wuri.

      16. Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung plehe pribadi, iku lelabuhan patut, aja nedya anelad, ing

      wateke kangnem prakoro punika, kang sayogya ngupayoa, anglir mastimbul ing warih.

    PUPUH V

    MASKUMAMBANG

        01. Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den

        nuta.

        02. Apan koyo mangkono watekanneki, sanadyan wong tuwa yen duwe watak tan becik, miwah ing tindak

        prayoga.

        03. Aja sira niru tindak kang tan becik, sanadyan wong liya, lamun pamuruke becik, miwah ing tindak

        prayoga.

        04. Iku pantes yen sira tiruwa kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, kaki iku estokena.

        05. Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing donya tumekeng akhir, tan wurung

        kasurang-surang.

        06. Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja ana kang kumawani, ing bapa tanapi biyang.

        07. Ana uga etang etangane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.

        08.  Ingkang dening rama iku kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, lan marang sadulur

        tuwa.

        09. Kaping pat marang guru kang sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, pacincene

        kawruhana.

        10. Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badanireki, kinawruhan padhang hawa.

        11. Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing bating saking Hyang Widdhi, milane wajib

        sinembah.

        12. Pan kinarsakake marang ing Hyang Widdhi, kinarya lantaran, ana ing dunya puniki, nyalaki becik lan ala.

        13. Saking ibu rama margane udani, miwahmaratuwa, lanang wadon den bekteni, aweh rasa ingkang nyata.

        14. Sajatine rasa kang mencarke wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa.

        15. Pan sinembah gegantining rama ugi, pan sirnaning wong tuwa, sadulur tuwa gumanti, inkang pantes sira

        tuta.

        16. Iba warah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping papat, marang ing guru sayekti, marmane guru

        sinembah.

        17. Kang pituduh marang marganing ngaurip, tumekeng antaka madhangken petenging ati, mbeneraken

        marga mulya.

        18. Wongduraka ing guru abot sayekti, mila den prayitna, minta sih siyang ratri, ywa nganti suda sihira.

        19. Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti kang Murba, ing pati kalawan urip, paring sandhang

        lawan pangan.

        20. Wong neng dunya wajib manuta mring Gusti, lawan para lurah, sapratingkahe den esthi, aja dumeh wis

        awirya.

        21. Nora putra santana wong cilik, pan padha ngawula, pan kabeh namani abdi, yen dosa kukume padha.

        22. Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira angenira sayekti, tan wurung anemu papa.

        23. Angungasken putra sentananing Aji, iku kaki aja, wong suwita nora becik, kudu wruh ing karsanira.

        24. Yen tinuduh saking Sang Maha Narpati, barang pituduhnya, poma estokna sayekti, karyanira

        sungkemana.

        25. Aja menceng saprintahe sang siniwi, den pethel aseba aywa malincur ing kardi, lan aja ngepluk

        sungkanan.

        26. Luwih ala alane ing wong ngurip, wong ngepluk sungkanan tan patut ngawuleng Gusti, ngengera

        sepadha-padha.

        27. Nadyan ngenger neng biyungira pribadi, yen karya sungkanan nora wurung den srengeni, yen luput pasti

        pinala.

        28. Apa kaya mangkono ngawuleng Gusti, kalamun leleda, tan wurung bilahi, ing wuri aja ngresula.

        29. Pan kinarya dhewe bilahinireki, lamun tan temene, barang pakaryane Gusti, lahir batin ywa suminggah.

        30. Apa Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, pan mung bener

        agemira.

        31. Kukum adil pan mung iku kang kaesthi, mulata padha den rumeksa Gusti, endi lire wong rumeksa.

        32. Dipun gemi nastiti lan ngati-ati, gemi mring kagungan, ing Gusti ywa sira wani, anggegampang lawan aja.

        33. Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti barang parentah.

        34. Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyandhang karsaning Gusti, Duduke wuluh kang
        tampa.

3 thoughts on “Serat Wulangreh (Pupuh 3-5)

  1. Pingback: SERAT WULANGREH | SKOLASTIKA

  2. Pingback: Page not found | SKOLASTIKA

  3. Pingback: SKOLASTIKA

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s