Serat Wulangreh (Pupuh 8-10)


PUPUH VIII
PUCUNG

01 Kamulane kaluwak nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake pisah
02 Den budiya kepriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
03 Aja kaya kaluwak duk anom, kumpul bisa wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung dadi bumbu
pindhang lulang.

04. Aja kaya sadulur memanise dipun runtut, oja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun dinul katon prayoga.

05 Abot enteng wong duwe sanak sadulur, ji tus tandhingira, yen golong sabarang pikir, kacek uga kang tan duwe sanak kadang.

06Luwih abot wong duwe sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen sabiyantu ing karsa.

07 Lamun bener apinter pamomonganipun, kang ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun sabar pamengku ing sentana.

08 Pan ewuh wong tinitah dadi asepuh, tan kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom aja beda
traping karya.

09 Kang saregep kalawan ingkang malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik, ingkang malincur den age bendanana.

10Datan mari bebendon nggone malincur, age patrapana, sapantese dosaneki, mring santara darapon dadi
tuladha.

11Nadyan iya wong cilik pasti piturut, kang padha ngawula, dimen padha wedi asih, pan mangkono lakune
wong dadi tuwa.

12 Den ajembar anggonira amangku, den pindho sageta, tyase amot ala becik, mapan ana pepancene sowang-sowang.

13 Pan sadulur tuwa wajibe pitutur, mring kadang taruna, kang anom wajibe wedi, dipun manut tuture sadulur tuwa.

14 Kang tinitah dadi anom aja masgul, ing batin ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi, yen masgula
ngowai kodrating Suksma.

15 Nadyan bener yen wong anom dadi luput, dene ingkang tuwa, den kayu banyu ing beji, awening tingale aja sumunar.

16Lan maninge pan ana pituturingsun, yen sira amaca, sabarang layang den eling, aja pijer ketungkul ngelingi sastra.

17 Caritane ala becik dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa kang becik si ra anggawa.

18 Ingkang ala rasakena dadi luput, supaya tyasira, weruh ing ala lan becik, ingkang becik wiwitane kawruhana.

19 Wong kang laku mangkono wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkono ugi ing wekasanipun teka dadi ala.

20 Ing sabarang prakaran dipun kadulu, wiwit wekasanya, bener luput den atiti, ana becik wekasane dadi ala.

21 Dipun weruh iya ing kawulanipun, lan wekasanira, puniku poma den ana, ala dadi becik ing wekasanira.

22 Ewuh temen babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang mantep wasise basa
raharja.

PUPUH IX

MIJIL

01 Pomo kaki padha dipun eling, ing pitutur ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi,
luruh sarta wasis, samubarang tanduk.

02 Dipun nedya prawira ing batin, nanging aja katon, sasona yen durung masane, kekendelan aja wani
manikis, wiweka ing batin, den samar ing semu.

03 Lan dimantep mring panggawe becik, lawan wekas ingong, aja kurang iya panrimane, yen wis tinitah
marang Hyang Widhi, ing badan punika, wus pepancenipun.

04 Ana wong narima ya titahing, mapan dadi awon, lan ana wong narima titahe, wekasane iku dadi, becik,
kawruhana ugi, aja seling surup.

05 Yen wong bodho datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing bodhone, iku wong narima nora
becik dene ingkang becik, wong narima iku.

06 Kaya upamane wong angabdi, marang sing Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri
utawa bupati, miwah saliyaneng, ing tyas kang panuju.

07 Nuli narima tyasing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing gusti tumeking nak
rabi, wong narima becik kang mangkono iku.

08 Nanging arang iya wong saiki, kang kaya mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis ana
lungguhe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.

09 Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih sangkane
amukti, panrimaning ati, kaya anggone nemu.

10 Tan ngrasa kamurahaning Widdhi, jalaran Sang Katong, jaman mengko ya iku mulane, arane turun wong
tuwa tekweng, kardi tyase Sariah, kasusu ing angkuh.

11 Arang nedya males sihing Gusti, Gustine Sang Katong, lan iya ing kabehing batine, sanadyan narima ing
Hyang Widdhi, iku wong tan wruh ing, kanikmatanipun.

12 Wong tan narima pan dadi becik, tinitah Hyang Manon, iku iyo rerupane, kaya wong ingkang ngupaya
ilmi, lan wong nedya ugi kapintaranipun.

13 Iya pangawruh kang den senengi, kang wus sengsem batos, miwang ingkang kapinteran dene, ing samubarang karya ta uwis, nora kanggo lathi, kabeh wus kawengku.

14 Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira pitados, ing kapinterane ing undhake, utawa unggahe kawruh
yekti, durung marem batin, lamun durung tutug.

15 Yen wong kurang panrimo ugi, iku luwih awon barang gawe aja age-age, anganggowa sabar sarta ririh,
dadi barang kardi resik tur rahayu.

16 Lan maninge babo dipun eling, ing pituturingong, sira uga padha ngemplak emplak, iya marang kang
jumeneng Aji, ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.

17 Kang jumeneng iku ambawani, karsaning Hyang Manon, wajib padha wedi lan batine, aja mamang
parintah ing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi Ratu.

18 Nora kena iya den waoni, parentahing Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye nggonira
sumingkir, yen tan anglakoni, pasti tan rahayu.

19 Nanging kaprah ing masa samangkin, anggepe angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek, ing
batine datan nedya eling,kamuktene iki,ngendi sangkanipun.

20 Lamun eling jalarane mukti, pasthine tan mengkuh, saking durung batin ngrasakake, ing pitutur engkang
dingin-dingin, dhasar tan paduli, wuruking wong sepuh.

21 Dadine sabarang tindakneki, arang ingkang tanggon,saking durung ana landhesane, arip crita tan ana
kang eling, elinge pribadi, dadi tanpa dhapur.

22 Mulanipun wekasingsun iki, den kerep tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking bodho witing pinter
ugi, mung Nabi sinelir, pinter tanpa wuruk.

23 Sabakdane tan ana kadyeki, pinter tanpa takon, apan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom
den taberi, angupaya ilmu pandadi pikukuh.

24 Kacek uga wong kang tanpa ilmu,sabarange kaot, dene ilmu iku ingkang kangge, sadinane gegulangan
dingin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu.

25 Ilmu sarengat pan iku dadi, wadhah kang sayektos,kawruh tetel wus kawengku kabeh, kang sarengat
kanggo lair batin,mulane den sami, brangta maring ilmu.

PUPUH X

ASMARANDANA

01 Padha netepana ugi, kabeh parentahing syara, terusna lair batine,salat limang wektu uga,tan kena
tininggala, sapa tinggal dadi gabug, yen misih remen neng praja.

02 Wiwitane badan iki, iya saking ing sarengat, anane Manusa kiya, rukune Islam lelima, tan kerja
tininggala, pan iku parabot agung, mungguh uripe neng donya.

03 Kudu uga den lakoni, rukun lelima punika, apantosa kuwasane, ning aja tan linakwan, sapa tan
ngalakanana, datan wurung nemu bebendu, mula padha estokeno.

04 Parentahira Hyang Widdhi, kang dhawuh marang Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis enggone, aja padha
sembrana, rasakna den karasa, Dalil Khadis rasanipun, dimene padhang tyasira.

05 Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, khalal
lamun pinangan, yen manungsa dagingipun, pinangan pastine kharam.

06 Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, banget paes
neng dunya, siang dalu dipun emut, wong urip manggih antaka.

07 Lawan aja angkuh bengis, lengus lanas calak lancang, langar ladak sumalonong, aja ngidak aja ngepak,
lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan aja para wadulan.

08 Kang kanggo ing masa iku, priyayi nom kang den gulang, kaya kang wus muni kowe, kudu lumaku
kajinan, pan nora nganggo murwat, lunga mlaku kudhung sarung, lumaku den dhodhokana.

09 Datanpa kasur Sayekti, satriya tan wruh ing tata, ngunggulaken satriyane, lamun karem pinondhokan,
anganggowo jajaran, yen niyat lung anawur, aja ndhodhoken manusa.

10 Denene wedi sarta sih, anggonira mengku bala, miwah yen angran ing gawe, den abisa minta-minta,
karyane prawadyanira, ing sagawe gawenipun, ing karyanira prayoga.

11 Sarta kawruhana batin, gegantunganing pratopan, darapon pethel karyane, dimene aja sembrana,
nggone nglakoni karya ywa, dumeh isih sireku, lamun leda patrapana.

12 Nadyan sanak antaneki, yen leda hya pinatrapan, murwaten lawan dosane, darapon padha wediya, ing
wuri awya padha, angladeni kayaniraku, aja pegat den warata.

13 Lan meninge suta mami, mungguh anggering kawula, den suka sukur ing batos, aja pegat ing panedha,
maring Kyang kang misesa ing, rahina wenginipun, mulyaning Nagara kita.

14  Iku uga dipun eling, kalamun mulyaning praja, mufa’ati mring wong akeh, ing rina wengi tan pegat,
nenedha mring Pangeran, luluse kraton Sang Prabu, miwah arjaning negara.

15 Iku wewalesing batin, mungguh wong suwiteng Nata, ing lair setya tuhu, kalawan nyadhang ing karsa,
badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur pati uripira.

16 Gumantung karsaning Gusti, iku traping wadya setiya, nora kaya jaman mangke, yen wus antuk
palungguhan, trape kaya wong dagang, ngetung tuna bathinipun, ing tyas datan pangrasa.

17 Awite dadi priyayi, sapa kang gawe ing sira, tan weling ing wiwitane, amung weruh ing witira, dadine
saking ruba, mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.

18 Mung mikir gelise mulih, rerubanira duk dadya, ing rina wengi ciptane, kepriye lamun bisaa, males sihing
bandara, lungguhe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.

19 Pamrihe gelise bathi, nadyan besuk pinocota, picisku sok wusa mulih, kepriye lamun tataa, polahe salang
tunjang, padha kaya wong bebruwun, tan ngetung duga prayoga.

20 Poma padha dipun eling, nganggo syukur lawan lila, nrimaa ing pepancene, lan aja amrih sarama, mring
sedya nandhang karya, lan padha amriha iku, harjane kang desa-desa.

21 Wong desa pan aja ngesthi, anggone anambut karya, sesawah miwah tegale, nggaru maluku tetapa, aja
den owah dimene, tulus nenandur jagung, pari kapas lawan jarak.

22 Yen desa akeh wongneki, ingkang bathi pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun reh pamrihira, aja
kongsi rekasa, kang wani kalah rumuhun, kurang pajeg srantekena.

23 Lamun tan mangkono ugi, karem masesa wong desa, salin bakul pendhak gawe, pamitunge jung
sacacah, bektine karo belah, temahan desane suwung, pyayine jaga pocetan.

24 Poma aja anglakoni, kaya pikir kang mangkono, satemah lingsem dadine, den sami angestakena, mring
pitutur kang arja, nora cacad alanipun, wong nglakoni kebecikan.

25 Nonoman ing mengko iki, yen dituturi raharja, arang ingkang ngrungokake, sinamur bari sembrana,
ewuh yen nuruta, malah mudhar pitutur,pangrasane pan wus wignya.

26 Aja na mangkono ugi, yen ana wong kang carita, rungokena saunine, ingkang becik sireng
gawa, bawungen ingkang ala, anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo budi nonoman.

2 thoughts on “Serat Wulangreh (Pupuh 8-10)

  1. Pingback: SERAT WULANGREH | SKOLASTIKA

  2. Pingback: Page not found | SKOLASTIKA

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s